Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

>> WELCOME TO BLOG JOWO >> SERTAKAN SUMBER LINK APABILA MENGGUNAKAN KONTEN DARI SINI >> APABILA ARTIKEL - ARTIKEL DI SINI SERASA BERMANFAAT, SILAHKAN SUPPORT DONASI UNTUK PERKEMBANGAN WEBSITE INI >> TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA.

Ora Usah Sambat Senajano Kesel Awake

Ora Usah Sambat - Piye kabare poro sedulur Blog Jowo kabeh? mugo podo apik-apik wae, sehat waras, rezekine lancar lan mugo tetep oleh berkah seko Gusti. Amiin. Tinimbang nganggur iki aku pengen nyampeke ukoro seko roso sing podo kabeh tau ngrasake anggone pas nyambut gawe.

Ora Usah Sambat Senajano Kesel Awake
Mumpung isih enom kudu luih semangat anggone nyambut gawe.

Poro sesepuh akeh sik podo ngandani ora usah sambat kowe le (Thole) yen awakmu lagi kesel nyambut gawe. Ning yo kui mau kadang wes nyambut gawe temenan eee...hasile kok ra cucuk "ra cocok karo regane ndok" hies..hies..he. Ngelingi saiki kui duit soyo ora aji, yen jamanku biyen duit 100 gelo nggo sangu sekolah wes keno nggo tuku wedang ro panganan.

Wes bedo karo jaman saiki yo kui jaman soyo maju nanging reregan soyo larang lan hasile wong tani dadi murah. Contone wong tani biyen kui adol pewetu kebon yo wis lumayan, koyoto adol woh sukun, kambil, gedang lan sak piturute wes keno di ijolke beras.

Ora Usah Sambat Senajano Kesel Awake
Senajano umur wes tuo nanging semagate ora kalah karo wong enom.

Opo mergo wes akeh wong pinter trus dadine koyo ngene? opo saiki wong bodo wes dadi pangane wong pinter? Opo mergo kurang temenan anggone awake dewe podo nyambut gawe?

Jawabe : yo mungkin ngono kui iso lur (Sedulur).

Nyambut gawe saktekane sak penake ae ning ura nyepelekake alon-alon mboko sitik penting klakon
...iyo ura lur...??? iyo to.

Ora Usah Sambat Senajano Kesel Awake
Opo meneh bapake iki yo tetep semangat lurrr.......

Yo kui mau lur sik penting podo sregep nyambut gawe senajano awake kesel lan akehi dedungo nyang Gusti yo ben rezekini lacar lan ugi barokah. Ning yen nyambut gawe melu bos yo kudu iso ra iso kudu cepet ura mug klemat klemet soale biasane nyambut gawene ngejar target bedo karo nak sak umpomo awake dewe due gawean dewe nang umah.

Yo kui mau yen awake dewe gelem usaha dewe (gawe gawean), misale usaha ternak sapi, pitik, iwak lan liya-liyane sak ora orane iso nggo nempur utowo tuku beras lan sistem gaweane saktekane ning yo kudu tetep semangat ngono lurrr.

Kadang awake dewe podo mandang gaweane lan hasile wong liyo luih kepenak tinimbang gaweane dewe ning nyatane kui ora penak sing podo dikiro. Raono wong sukses penak tanpo rekoso, ming awake dewe kadang ora ngerti coro kerjo kerase wong sukses kui mesti ngliwati pirang-pirang kegagalan.

Kuncine yo iku semangat ora gampang  nglokro utowo nyerah lan tetep sregep sinau seko ngendi wae anggone oleh ilmu.


Jamune-jamune godong telo lur ben awak ora lungkrah lan lesu heherWWW...???.


Yen awak lagi kesel kadan dadi males ngombe lan madang trus ujung-ujunge sambat to? yo iso di cobo gawe-gawe jamu godong telo sing asli warisane leluhur jawa. Paling ura iso marai dokoh
madang dadi ben tetep sehat lan tetep semgat to lur? iyo ora?.

Yo wis sipik lur...mugo opo sing tak tulis iki biso migunani lan ono manfaate. Salam paseduluran sak lawase. Matur Suwun.


Posting Komentar untuk "Ora Usah Sambat Senajano Kesel Awake"