Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

>> WELCOME TO BLOG JOWO >> SERTAKAN SUMBER LINK APABILA MENGGUNAKAN KONTEN DARI SINI >> APABILA ARTIKEL - ARTIKEL DI SINI SERASA BERMANFAAT, SILAHKAN SUPPORT DONASI UNTUK PERKEMBANGAN WEBSITE INI >> TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA.

Wong Mangan Ora Kudu Enak Penting Doyan Sego Jangan

Mangan Ora Kudu Enak - Piye kabare dino iki poro sedulur Blog Jowo? mugo tetep kompak semangat nulis, moco lan makaryo. Alon-alon mboko sitik penting klakon karo tetep madep marep manteb usaha lan dedungo anggone golek rejeki mugo slamet lan barokah. Amiin.

Wong Mangan Ora Kudu Enak Penting Doyan Sego Jangan

Doyan Sego jangan kui istilahe mangan opo anane ura kudu sik enak-enak utowo regane larang cukup sego karo jangan (sayur). Ibarate wes koyo wong poso prihatin anggone mangan sedino mung ping pindo yoiku esuk lan wengi. Dadi ura ngujo mangan enak lan ura ngujo akeh-akeh anggone mangan.

Ning wong urip kui wajar kadang due pepingin yo pingin mangan enak urip mapan sik penak ura mung rekoso terus tanpo kepenak. Nanging ngelingi kebutuhane kanggo keluargo kui akeh yo dadine enak ra enak kudu doyan sego jangan. Iyo ura lur...???.


Dadine kowe kabeh podo pilih endi?

  • Sepisan ngepenake awake dewe ning keluargo susah.
  • Kepindo ngepenake keluargo ning awakke dewe sing dadi susah.

Yo kui mau sing penting podo gelem sinau syukur nyang Gusti isih iso mangan sego jangan karo iseh diwenehi bergas waras. Alhamdulillah, Amiin. Ning yo ono kolo mangsane iso mangan enak naliko duwe duit luwih ben yo iso nyenengake marang sak keluargo.

Wong Mangan Ora Kudu Enak Penting Doyan Sego Jangan

Semono ugo yen kirane pangane luih iso di wenehke marang tonggo teparo lan poro sedulur kanti ikhlas mugo biso nambahi amal ibadah sik apik. Isih akeh wong sing luweh susah seko awakke dewe kabeh lur...kadang arep mangan saben ndino we rasane susah.

Sik penting podho di syukuri opo opo sik wis di duweni lan mugo sedulur-dulur kabeh iso podho nemoni kamulyan urip ning alam ndonyo dumugi akherate. Amiin Allahuma Amiin.

Yo wis sipik lur akehe ukoro sik podo kleru pokoke nyuwun ngapunten lan ugo mugo tulisan iki iso migunani kanggo sedulur kabeh. Salam paseduluran sak josse sak lawase ben tetep semangat koyo Dimas Tedjo lan Mas Sodiq.

Salam omong jowo watone muni ning di sinau noto boso bareng-bareng lur lan Mugi tansah
kepanggih maaleh kaleh "Blog Jowo" ing sanes wekdalipun. Amiin. Matur Suwun.

Posting Komentar untuk "Wong Mangan Ora Kudu Enak Penting Doyan Sego Jangan"