Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Widget HTML #1

>> WELCOME TO BLOG JOWO >> SERTAKAN SUMBER LINK APABILA MENGGUNAKAN KONTEN DARI SINI >> APABILA ARTIKEL - ARTIKEL DI SINI SERASA BERMANFAAT, SILAHKAN SUPPORT DONASI UNTUK PERKEMBANGAN WEBSITE INI >> TERIMAKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA.

Urip Tanpo Masalah Kui Ora Lumrah

Blog Jowo - Ngaturaken sugeng rawuh sedulurku kabeh, mugi sedoyo tansah diparingi sehat waras lahir lan batine. Urip kui pancen paribasane amung mampir ngombe sadermo nglampahi opo sing wis dadi pepestine Gusti.

Penak ra kepenak urip kui kudu dilakoni kanti ikhlas lan sabar narimo ing penggalih. Kesabarane
manungso kui pancen ono watese, ning mboko sitik yo kudu latian nrimo lan legowo anggone ndalani urip.

Urip Tanpo Masalah Kui Ora Lumrah

Akehe problem kui yois dadi sandangane lumrahe wong urip neng alam dunyo. Ono masalah kui malah iso dadekake pelajaran kanggo nambahi pengalaman supoyo luih ngerti opo sejatine wong urip kui.

Salah sawijine bab materi sik kadang dadi masalah ing keluargo marai mumet ing pikir. Wis nyambut gawe mbendino ning kadang ngroso kok entek ora mlumpuk mili terus koyo gentong bocor.

Roso ati kadang ndelok tongggo utowo wong liyo sik lancar jaya sukses kui kadang dadekne iri utowo meri. Sejatine yen ngerti tenan wong sukses kui perjuangane mesti nibo nangi lan ora gampang sik podo dikiro.

Mulo wong urip kui ora perlu meri marang kesuksesane wong liyo, amergo rejekine manungso kui yo ora podo lan wis ono takarane dewe - dewe. Sing penting kui temen lan jujur anggone nyambut gawe goleh rejeki sik khalal barokah senajano hasile ora sepiro.

Pokoke diakehi syukure, eling lan waspodo dungo dinungo nyeyuwun marang Gusti. Mugo  - mugo tetep slamet, berkah, barokah anggone golek rejeki lan ndalani urip wontening alam dunyo. Aamiin.


Posting Komentar untuk "Urip Tanpo Masalah Kui Ora Lumrah"